Naskah Drama Bahasa Jawa " ANGLING DHARMA"
Naskah Drama Angling Dharma
ADEGAN I
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma
Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton
Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong
menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan
ndadekake dheweke ngandhut. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora
nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih
neng kratone bapake.
Prabu Astradarma
: “Dinda, apa bener yen kowe lagi ngandhut?”
Pramesthi
: “Kula nyuwun ngapunten, Gusti. Leres menawi kula taksih ngandhut.”
Prabu Astradarma
: “Sapa kang ndadekake kowe ngandhut?”
Pramesthi
: “Kula dipunangslupi dening Bathara Wisnu, Gusti.”
Prabu Astradarma
: “Aku ora percaya. Kowe mesthi wis selingkuh saka aku.”
Pramesthi
: Mboten, Gusti. Kula taksih setya dumateng, Gusti. Kula boten selingkuh
kaliyan sinten-sinten.”
Prabu Astradarma
: “Alah, orah usah ngapusi. Aku wis ora percaya karo omonganmu. Kowe wis
ngianati katresnananku. Kowe ora pantes maneh dadi ratu ing kraton iki. Lungaa
saka kraton iki.”
Pramesthi
: “Ampun, Gusti. Kula mboten ngapusi, Gusti.”
Prabu Astradrama
: “Ndang lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi
: “Menawi punika kekarepanipun Gusti. Kula bakalan medal saking
kraton puniki. Kula bakal kondur wonten
kraton kula.”
Pramesthi kalara-lara atine, kadlarang-dlarang turut alas dawa
lunga saka Yawastina. Tumekane Pramesthi
ana ing kratone bapakke, ora ana sing tepung. Rambute awut-awutan, sandhangane
semrawut. Nganti ora ana sing ngenali.
Sawise Pramesthi cerita prastawa kang dialami Prabu Jayabaya
duka marang Astradarma,
Prabu Jayabaya :" Titenana kowe Astradarma! Kowe
sawenang-wenang marang anakku. Bakale negaramu dadi lendhut!"
Ora sawentara suwe dumadakan langut peteng, udan deres
banjur bandang. Negara Yawastina kena banjir gedhe lan kebsk lendhut.
Sawise Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi
raja ing kraton Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.
ADEGAN II
Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas,
dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita
kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi.
Setyowati
: “Tulung…tulung…!!
Angling Dharma
: “Hah…swarane sapa kae?”
( Angling Dharma banjur nulungi Setyowati. )
Setyowati
: “Maturnuwun sanget, Gusti. Sampun nulungi kula saking macan wau.”
Angling Dharma
: “Uwis, saiki kowe tak terake bali menyang omahmu. Omahmu mapan ana
ngendi?”
Setyowati
: “Wonten ing pertapan Nguntarasegara.”
Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan
Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneng
wanita mau, anakke Resi Maniksutra.
Angling :
“Setyowati, sejatine aku wis tresna marang kowe. Opo kowe gelem dadi bojoku?”
Setyowati :
“Gusti, nyuwun pangapunten, sejatosipun, kula sampun tresna kaliyan piyantun
sanes.”
Angling :
“Sapa wong kang kowe tresnani?”
Setyowati :
“Kula tresna kaliyan kangmas kuwalon kula, Bathikmadrim.”
Angling :
“Apa kang bisa dak lakoni supaya kowe gelem dadi permaisuriku?”
Setyowati :
“Kula nyuwun wekdal kangge nimbang-nimbang rumiyin.”
Angling :
“Ya wis, yen pancen kaya ngono. Aku bakal nunggu wangsulanmu.
Setyowati bingung amarga dheweke tresna marang Bathikmadrim.
Setyowati dadi bimbang.
Ing Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke
nresnani kangmas kuwalone kang aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati
tresna marang dheweke, banjur dheweke nantang adu kasekten karo Anglingdarma.
Bathikmadrim :
“Kanjeng prabu Angling Dharma, menawi kanjeng badhe ngepek bojo rayi kula,
kanjeng kedah saged ngalahaken kula ing adu kasekten.”
Angling :
“Menawa iku syarat supaya aku bisa ngepek bojo Setyowati, bakal tak lakoni. Apa
wae bakal tak lakoni supaya bisa ngepek bojo Setyowati. Aku bakal ngalahake
kowe.”
Bathikmadrim lan Anging Dharma banjur padha adu kasekten.
Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa
Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem.
Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara.
Setyowati :
“Kangmas kula kepingin kondur menyang Nguntara Segara.”
Angling :
“Kowe kena apa kok kepingin mulih?”
Setyowati :
“Penggalih kula mboten jenjem, Kangmas. Kula kuatir kaliyan rama kula.”
Angling :
“Ya wis, menawa kuwi pancen kekarepanmu. Yen mulih menyang Nguntara Segara bisa
nggawe atimu tentrem, aku ngijinke kowe mulih.”
Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo
nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas.
Angling :
“Tinimbang aku sedhih amarga polatanae Setyowati, luwih becik aku mbebedhak
menyang alas lan golek kewan buruan kanggo nglipur ati.”
ADEGAN III
Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur
Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke
ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling.
Angling :
“Lho iku kan Ula Nagagini. Kena apa kok lagi pepasihan karo Ula Tampar? Yen aku
meneng wae, melasake Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine.
Luwih becik yen aku manah Ula Tampar.”
Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati.
Nanging panah mau nyrempet buntute Nagagini kang ndadekake Nagagini kaget lan
njerit kelaran. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone, lan lapur yen
Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Nagagini :
“Kakang Nagaraja, Angling Dharma wau badhe manah kula.Kamangka, kula mboten
salah punapa-punapa.”
Nagaraja :
“Apa iku bener, Dinda? Ora mungkin Angling Dharma tumindak kaya kuwi.”
Nagagini :
“Nanging, kula saestu kakang. Punika buktine kakang. Buntut kula kesrempet
panahipun Anging Dharma.”
Nagaraja :
“Menawa kuwi bener, aku bakal ngukum Angling Dharma.”
Nagagini :
“Matur nuwun kakang, sampun percaya kaleh kula.”
ADEGAN IV
Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke
ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang
suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi kang cilik banget,
lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.
Angling :
“Diajeng, aku pamit mati.”
Setyowati :
“Wonten punapa ta, kangmas?”
Angling :
“Mau nalikane aku mbebedhak alas, aku weruh ula loro kang lagi pepasihan. Ula
iku Ula Nagagini bojone Nagaraja, guruku karo Ula Tampar. Aku ngrasa melas yen
menawa Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine wis ngianati
dheweke. Mulane aku manah Ula Tampar, nanging panahku ora sengaja nyrempet
buntute Nagagini. Mesthi wae Nagagini crita kang suwalikane.”
Setyowati :
“Kangmas,mboten sah kuatir. Kangmas cariyos ingkang sejatinipun mawon. Nagaraja
punika resi ingkang bijaksana. Ngertos pundi ingkang leres lan lepat.”
Angling :
“Ya bener apa kang kowe omongake, Dinda. Aku bakal ndang mangkat nemoni
Nagaraja. Nanging, aku ajrih Nagagini bakal ngomong sing ora-ora, Dinda. Apa
iki kang disebut kodrat.? Yen pancen kudu ngono dadine, aku ora bakal ngindar
lan bakal dak adhepi.”
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging
Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika…
Nagaraja :
“Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang
luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere.
Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang
mbok jaluk bakal dak wenehi.”.
Angling :
“Menawi dipunkeparengaken, kula kepingin nyuwun Aji Gineng.”
Nagaraja :
“Angling, aku bakal menehi kowe Aji Gineng, nanging ana syarat kang kudu kowe
lakoni”
Angling :
“Menapa syaratipun, Resi? Punapa mawon syaratipun bakal kula lampahaken”
Nagaraja :
“Syarate kowe ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe babagan Aji
Gineng iki. Apa kowe sanggup, Angling anakku?”
Angling :
“Kula sanggup, Resi.”
Nagaraja :
“Yen ngono aku bakal menehi Aji Gineng marang kowe. Saiki kowe siap-siap.”
Nagaraja banjur menehi Aji Gineng marang Angling Dharma.
Sawise iku, Nagaraja banjur ngilang. Angling langsung mulih menyang kratone.
ADEGAN V
Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon,
Angling dumadakan ngguyu dhewe.
Angling :
“Hahahahahahaha……”
Setyowati :
“Kangmas kenging napa kok nggujeng – nggujeng piyambak?”
Angling : (
tetep ngguyu, ora nggubris pitakonane Setyowati ).
Setyowati :
“Kangmas, kenging napa nggujeng? Kangmas nyacat kula ingkang asalipun saking
desa?”
Angling :
“Ora kok. Aku ra ngguyoni kowe.”
Setyowati : “
Ing paturon punika namung wonten kula
lan kangmas. Mesthi ingkang digegujeng kan kula.” ( rada nesu )
Angling :
“Ora diajeng, ora koyo ngono. Tenanan aku ra ngguyoni kowe amarga kowe seka
desa.”
Setyowati :
“lajeng nggujengi napa?”
Angling :
”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman.”
Setyowati :
“Lha kok kangmas saged ngertos wonten cecak ingkang taksih guneman?”
Angling :
“Iki mau amarga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.”
Setyowati :
“Aji Gineng?” ( bingung )
Angling :
“Iyo, kuwi sing nduwe aku. Kuwi sing marakke aku ngerti lan cedhak karo kewan.”
( Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian
mau )
Setyowati :
“Kangmas, kula pareng kagungan Aji Gineng punika?”
Angling :
“Ora oleh diajeng, kuwi wis dadi sing tak nduweni seka Nagaraja.”
Setyowati :
“Kangmas, menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah kemawon.
Kula badhe pati obong.” ( Nangis )
Angling :
“Ojo ngono diajeng. Arep kanggo apa Aji iki?”
Setyowati :
“Kula namung kepengin nggadhahi kemawon, kangmas.”
Angling :
“Ora oleh diajeng.”
Setyowati : “
Inggih sampun kangmas, kula mboten saged nggadhahi Aji Gineng punika saking
kangmas, luwih becik kula pati obong kemawon sapunika.”
Setyowati wangsulane atos. Ibune lan Madrim wis coba
ngerih-erih Setyowati nanging Setyowati wis ora bisa dikandani. Upacara pati
obong wis sumedya.. Angling duwe karep melu pati obong Setyowati. Nanging sadurunge
nyemplung geni, Angling krungu wedhus kang guneman.
Wedhus wedok :"kakang aku pengen duwe janur kae, opekna
ya kang!"
Wedhus lanang :" wah aku ra wani dhi.. Kae janur
kagungane sang Prabu"
Wedhus wedok: "kang pokoke opekna! Kowe wis ra tresna
marang aku?"
Wedhus lanang :" ya tresna, ning aku tetep ora saguh
yen janur kuwi, mboo liyane wae"
Wedhus wedok :" ora, pokoke yen ora janur kae ora! Yen
ora mbok opekna aku pilih myemplung geni wae"
Wedhus lanang :" yen ora kena dikandani yo wis! Yen
pancen pilih mati, aku lila, tur isih akeh wedhus sing luwih ayu saka kowe
kok"
Wedhus wedok banjur nyemplung geni tenan, mati sanalika.
Angling rumangsa kesindir. Dheweke banjur mudhun saka panggungan.
Angling :
“Aku wis pasrah kelangan kowe diajeng. Luwih becik aku ngayomi rakyatku sing
isih butuh aku.”
Setyowati nglakoni pati
obong tenan. Mlayu lan nangis tumuju ing geni mulat - mulat
( Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka
banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase )
Para Dewa :
“Angling, kowe wis nglanggar sumpahmu dhewe. Kowe wis nglanggar pituture
Nagaraja.”
Angling :
“Ampun dewa, kula nyesel sanget amargi kula carios marang garwa kula Aji Gineng
punika, saengga Setyowati kepengin nggadhahi lan nangis nyemplung geni mboten
kula olehaken nggadhahi Aji kuwi.”
Para Dewa :
“Kowe bakal oleh karmane, Ling. Kowe bakal tak ukum kanggo ngapus kabeh dosamu
amarga kowe ngenehi ngerti babagan Aji kuwi.”
Angling :
“Nggih dewa. Paukuman punapa mawon bakal kula trima. Kula siap punapa mawon
paukumanipun, ingkang wigatos kula saged nebus kalepatan kula.”
Para Dewa :
“Kowe tak ukum nglakoni panguripan ing alas 8 taun lawase.”
Angling :
“Nggih dewa. Kula nrima, kula bakal nindakaken paukuman punika.”
Sadurunge nglakoni paukuman Angling masrahake kraton lan ibune marang bathikmadrim, banjur
dheweke ngumbara ing alas. Pramesthi kang sedih putrane nglakoni paukuman, ora
sawentara seda.
( Ing saliyane panggonan, Arwahe Setyowati sajak gela
banget, dheweke ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya
dheweke bisa bali ing donya. )
Setyowati :
“Bathara, kula gela sanget kula nyemplung ing geni mulat – mulat amargi nepsu
kula kepengin nggadhahi Aji Gineng punika.”
Bathara Guru :
“Banjur opo sing kepengen kowe lakoke?”
Setyowati :
“Kula nyuwun kaliyan Bathara Guru supados kula saged mantuk ing donya.”
Bathara Guru :
“Tenanan kowe arep bali ing donya? Apa kowe wis manteb marang keputusan iki?”
Setyowati :
“Inggih Bathara, kula sampun manteb marang keputusan iki. Kula nyuwun pripun
carane supaya kula bali wonten donya.”
Bathara Guru : “Kowe
kudu manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten
Bojonegoro.”
Setyowati :
“Inggih Bathara Guru, kula maturuwun sanget.”
( Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake
Ambarwati. )
ADEGAN VI
( Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining
kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke
raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling.
)
Widaningsih : “mbak
punika wonten tiyang ing kang bagus sanget perawakane, ayo mbak digawa menyang kraton.”
(Wong telu mau padha ngangkat angling dharma menyang
kratone.)
Angling :
“Lhoh, aku ana ing ngendi iki?”
Widata :
“Kangmas wonten ing kraton kula.. Kangmas wau semaput wonten ing tengah wana
lajeng kula lan rayi kula mbetha menyang
kraton.”
Angling :
“Nyai-nyai punika sinten?”
Widati :
“Kula sedaya inggih putri ing kraton puniki. Rama kula sampun seda.”
Widaningsih :
“Sampun, kangmas wonten ngriki mawon. Mboten sah tindak menyang pundi-pundi,
Amargi wonten ngriki mboten aman. Kathah tiyang ingkang kagungan niat ala.”
(Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau
metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling.)
Angling cubriya, ora
sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane
putri telu mau.
Angling :
“Aku cubriya marang Nyai-nyai mau arep menyang ngendi yo. Kok ngindhik-ngindhik
le mlaku, dak tututi wae
( Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi
mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka
bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure
gagak. Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling
nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake
dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling.)
Widati :
“Angling, sopo sing menenhke ati manungsa kuwi ning ndhuwur wedhakku? Ojo” kowe
sing malih dadi gagak mau mbengi?”
Angling :
“Yen aku malih dadi gagak kenapa?”
Widati :
“Angling!”
Angling :
“Kanggo opo kowe mangan bangke manungsa kuwi?”
( Widati ora njawab. Pungkasane Angling ditancepi kembang
saengga dheweke malih dadi mliwis putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara
nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis
ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur. )
mliwis :" aku gelem dadi kancamu, nanging aja mbok
pateni ya"
Jaka Gedhug :" lho koe iso guneman kaya dene manungsa?
Wah eloke.ya.. Ya.. Kowe dadi kancaku. Ayo melua nyang omahku"
ADEGAN VII
Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine
yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi
loro.
Nyi Bremana :" kakang.. Kakang sampun kondur to. Lho
kok panjenengan wonten kalih. Kakang bojo kula ingkang pundi?"
Ki Bremana :" ya mesthi aku to dinda"
Jin : " kowe aja percaya bisa wae kuwi jin kang malih
dadi aku dinda"
Nyi Bremana: " aku kudu percaya sing endi?"
Jin lan Ki Bremana: " ya mesthi aku dinda"
(Lelorone padha ngaku-aku Ki Bremana)
Nyi Bremana: " Wis luwih becik aku njaluk petunjuke
adipati Darmawasesa. Ayo melua ing kraton"
Amarga bingung milih
sing endi, banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati
Darmawasesa. Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis
putih njaluk supaya Pak Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi
carane. Klungsur banjur mangkat menyang kraton kanggo melu sayembara mau.
Klungsur :
“Ngaturaken sembah, Gusti.”
Adipati :
“Bocah bagus, apa bener kowe bisa ngrampungake masalah Nyai Bremani? Iki
prakara kang ora gampang ana sambunge marang masalah keadilan lan martabat
pengadilan. Dadi aja sembrana.”
Klungsur :
“Inggih, Gusti Prabu. Kula ngertos sinten ingkang sejatosipun Ki Bremana. Kula
nyuwun kendi pratala kaleh kagem mbuktekaken Ki Bremana ingkang asli. Sinten
ingkang saged mlebet ing kendi pratala wau, punika ingkang Ki Bremana asli.
Adipati :
“Patih, jupukake kendi pratala loro.”
Nalika kendhi pratala mau wis disiapake, Ki Bremana sing
palsu langsung mlebu ana kendhi pratala mau.
Klungsur :
“Gusti, Ki Bremana ingkang sejatosipun inggih punika Ki Bremana ingkang mboten
saged mlebet ing kendhi pratala.”
Adipati :
“Lho, kandhamu mau Ki Bremana asli iku sing bisa mlebu ana kendhi pratala?”
Klungsur :
“Punika wau namung cara, Gusti.”
Adipati :
“Lha trus sing ana ing kendhi iku sapa?”
Klungsur :
“Sebangsa lelembut, Gusti. Namung bangsa lelmbut ingkang saged mlebet ing
kendhi ingkang alit kados punika. Tiyang biasa mboten saged mlebet ing kendi
ingkang alit sanget.”
Ujug-ujug, kendhi pratala mau pecah. Dumadakan saka pecahane
kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir,
banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten.
Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.
ADEGAN VIII
Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis
dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani
Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma. Kekarone pepasihan
lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa
ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka
ing kadipaten Bojonegara.
Resi :
“Ngaturaken sembah, Gusti.”
Adipati :
“Apa bener kowe bisa nemokake wong kang ndadekake putriku ngandhut?”
Resi :
“Inggih, Gusti. Kula bakal nemokaken tiyang ingkang ndadosaken Gusti Putri ngandhut.”
Adipati :
“Yen kowe butuh apa-apa, ngomong wae marang aku.”
Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari
Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe mliwis putih
lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang lan kalah, mliwis putih malih
dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki
nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati
dinikahake.
Angling : “Diajeng, saiki kowe wis dadi
permaisuriku.”
Ambarawati :
“Inggih, kangmas. Kula remen sanget. Kula tresna kaliyan kangmas lan kula janji
bakal setya kaliyan kangmas.
Angling :
“Diajeng, saiki aku arep mulih menyang Malawapati. Amarga aku wis suwe
ninggalake kratonku. Melas rakyatku kang wis tak tinggal. Mula saka iku, kowe
saiki tak boyong menyang Malawapati lan dadi ratu ing kana.”
Ambarawati : “Kula
bakal nurut wonten pundi kemawon kangmas bandhe tindak.”
Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe,
Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma
mimpin kratone maneh.
link picture : https://www.google.com/url?sa=i&url=http%3A%2F%2Fcakdurasim.com%2Fberita%2Fnuansa-wayang-thengul-pada-gelar-seni-budaya-daerah-jawa-timur-2019-kabupaten-bojonegoro&psig=AOvVaw3-9xPzcAs2MytpnU1-iLmT&ust=1590042387373000&source=images&cd=vfe&ved=0CAIQjRxqFwoTCKC899DnwekCFQAAAAAdAAAAABAD


0 komentar