Berbagi Inspirasi

Pembaca yang baik selalu meninggalkan komentar membangun

Instagram

you can find me at @yona_anastasya @yonayonutt

Pages

  • Beranda

Popular Posts

  • Naskah Drama Bahasa Jawa " ANGLING DHARMA"
    Naskah Drama Angling Dharma ADEGAN I Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi...
  • Contoh Surat Lamaran Pekerjaan Bahasa Inggris
    Job Vacancy Temanggung, 5th 2018 Attention to     : Flight Staff Education Institutions and Flight Attendants PSSP Penerbangan...
  • Resensi Buku Tentang Bermain Drama oleh Rendra
    RESENSI BUKU "TENTANG BERMAIN DRAMA" Oleh RENDRA a. Identitas buku – Judul buku : Tentang Bermain Drama – Penerbit : PT ...
  • Contoh Laporan Penelitian Sosial SOSIOLOGI
    LAPORAN PENELITIAN SOSIAL PENGARUH GAYA BERBUSANA DALAM MEMBANGUN IMAGE ATAU JATI DIRI SEORANG REMAJA ...
  • Pengaruh Perkembangan IPTEK di Bidang Sosial Budaya
    BAB I PENDAHULUAN A.     Latar B elakang S eiring dengan perkembangan zaman, berkembang pula pola pikir manusia untuk terus ber...
  • Praktik Manipulasi SKTM Banyak Orang Mendadak Jadi Miskin
    Dunia pendidikan kembali dirudung masalah. Kali ini mengenai penyalahgunaan SKTM (Surat Keterangan Tidak Mampu) yang diperuntukkan bagi si...

Naskah Drama Angling Dharma

ADEGAN I
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandhut. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Astradarma       : “Dinda, apa bener yen kowe lagi ngandhut?”
Pramesthi                    : “Kula nyuwun ngapunten, Gusti. Leres menawi kula taksih ngandhut.”
Prabu Astradarma       : “Sapa kang ndadekake kowe ngandhut?”
Pramesthi                    : “Kula dipunangslupi dening Bathara Wisnu, Gusti.”
Prabu Astradarma       : “Aku ora percaya. Kowe mesthi wis selingkuh saka aku.”
Pramesthi                    : Mboten, Gusti. Kula taksih setya dumateng, Gusti. Kula boten selingkuh kaliyan sinten-sinten.”
Prabu Astradarma       : “Alah, orah usah ngapusi. Aku wis ora percaya karo omonganmu. Kowe wis ngianati katresnananku. Kowe ora pantes maneh dadi ratu ing kraton iki. Lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi                    : “Ampun, Gusti. Kula mboten ngapusi, Gusti.”
Prabu Astradrama       : “Ndang lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi                : “Menawi punika kekarepanipun Gusti. Kula bakalan medal saking kraton   puniki. Kula bakal kondur wonten kraton kula.”
Pramesthi kalara-lara atine, kadlarang-dlarang turut alas dawa lunga saka Yawastina. Tumekane  Pramesthi ana ing kratone bapakke, ora ana sing tepung. Rambute awut-awutan, sandhangane semrawut. Nganti ora ana sing ngenali.
Sawise Pramesthi cerita prastawa kang dialami Prabu Jayabaya duka marang Astradarma,
Prabu Jayabaya :" Titenana kowe Astradarma! Kowe sawenang-wenang marang anakku. Bakale negaramu dadi lendhut!"
Ora sawentara suwe dumadakan langut peteng, udan deres banjur bandang. Negara Yawastina kena banjir gedhe lan kebsk lendhut.
Sawise Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.

ADEGAN II
Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi.
Setyowati                    : “Tulung…tulung…!!
Angling Dharma         : “Hah…swarane sapa kae?”
( Angling Dharma banjur nulungi Setyowati. )
Setyowati                    : “Maturnuwun sanget, Gusti. Sampun nulungi kula saking macan wau.”
Angling Dharma         : “Uwis, saiki kowe tak terake bali menyang omahmu. Omahmu mapan ana ngendi?”
Setyowati                    : “Wonten ing pertapan Nguntarasegara.”
Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneng wanita mau, anakke Resi Maniksutra.

Angling             : “Setyowati, sejatine aku wis tresna marang kowe. Opo kowe gelem dadi bojoku?”
Setyowati          : “Gusti, nyuwun pangapunten, sejatosipun, kula sampun tresna kaliyan piyantun sanes.”
Angling             : “Sapa wong kang kowe tresnani?”
Setyowati          : “Kula tresna kaliyan kangmas kuwalon kula, Bathikmadrim.”
Angling             : “Apa kang bisa dak lakoni supaya kowe gelem dadi permaisuriku?”
Setyowati          : “Kula nyuwun wekdal kangge nimbang-nimbang rumiyin.”
Angling             : “Ya wis, yen pancen kaya ngono. Aku bakal nunggu  wangsulanmu.
Setyowati bingung amarga dheweke tresna marang Bathikmadrim. Setyowati dadi bimbang.

Ing Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kang aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke, banjur dheweke nantang adu kasekten karo Anglingdarma.
Bathikmadrim   : “Kanjeng prabu Angling Dharma, menawi kanjeng badhe ngepek bojo rayi kula, kanjeng kedah saged ngalahaken kula ing adu kasekten.”
Angling             : “Menawa iku syarat supaya aku bisa ngepek bojo Setyowati, bakal tak lakoni. Apa wae bakal tak lakoni supaya bisa ngepek bojo Setyowati. Aku bakal ngalahake kowe.”
Bathikmadrim lan Anging Dharma banjur padha adu kasekten. Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.

Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara.
Setyowati          : “Kangmas kula kepingin kondur menyang Nguntara Segara.”
Angling             : “Kowe kena apa kok kepingin mulih?”
Setyowati          : “Penggalih kula mboten jenjem, Kangmas. Kula kuatir kaliyan rama kula.”
Angling             : “Ya wis, menawa kuwi pancen kekarepanmu. Yen mulih menyang Nguntara Segara bisa nggawe atimu tentrem, aku ngijinke kowe mulih.”

Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas.
Angling           : “Tinimbang aku sedhih amarga polatanae Setyowati, luwih becik aku mbebedhak menyang alas lan golek kewan buruan kanggo nglipur ati.”

ADEGAN III
Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling.
Angling           : “Lho iku kan Ula Nagagini. Kena apa kok lagi pepasihan karo Ula Tampar? Yen aku meneng wae, melasake Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine. Luwih becik yen aku manah Ula Tampar.”

Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati. Nanging panah mau nyrempet buntute Nagagini kang ndadekake Nagagini kaget lan njerit kelaran. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone, lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Nagagini         : “Kakang Nagaraja, Angling Dharma wau badhe manah kula.Kamangka, kula mboten salah punapa-punapa.”
Nagaraja          : “Apa iku bener, Dinda? Ora mungkin Angling Dharma tumindak kaya kuwi.”
Nagagini         : “Nanging, kula saestu kakang. Punika buktine kakang. Buntut kula kesrempet panahipun Anging Dharma.”
Nagaraja          : “Menawa kuwi bener, aku bakal ngukum Angling Dharma.”
Nagagini         : “Matur nuwun kakang, sampun percaya kaleh kula.”

ADEGAN IV
Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.
Angling           : “Diajeng, aku pamit mati.”
Setyowati        : “Wonten punapa ta, kangmas?”
Angling           : “Mau nalikane aku mbebedhak alas, aku weruh ula loro kang lagi pepasihan. Ula iku Ula Nagagini bojone Nagaraja, guruku karo Ula Tampar. Aku ngrasa melas yen menawa Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine wis ngianati dheweke. Mulane aku manah Ula Tampar, nanging panahku ora sengaja nyrempet buntute Nagagini. Mesthi wae Nagagini crita kang suwalikane.”
Setyowati        : “Kangmas,mboten sah kuatir. Kangmas cariyos ingkang sejatinipun mawon. Nagaraja punika resi ingkang bijaksana. Ngertos pundi ingkang leres lan lepat.”
Angling           : “Ya bener apa kang kowe omongake, Dinda. Aku bakal ndang mangkat nemoni Nagaraja. Nanging, aku ajrih Nagagini bakal ngomong sing ora-ora, Dinda. Apa iki kang disebut kodrat.? Yen pancen kudu ngono dadine, aku ora bakal ngindar lan bakal dak adhepi.”

Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika…
Nagaraja          : “Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk bakal dak wenehi.”.
Angling           : “Menawi dipunkeparengaken, kula kepingin nyuwun Aji Gineng.”
Nagaraja          : “Angling, aku bakal menehi kowe Aji Gineng, nanging ana syarat kang kudu kowe lakoni”
Angling           : “Menapa syaratipun, Resi? Punapa mawon syaratipun bakal kula lampahaken”
Nagaraja          : “Syarate kowe ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe babagan Aji Gineng iki. Apa kowe sanggup, Angling anakku?”
Angling           : “Kula sanggup, Resi.”
Nagaraja          : “Yen ngono aku bakal menehi Aji Gineng marang kowe. Saiki kowe siap-siap.”
Nagaraja banjur menehi Aji Gineng marang Angling Dharma. Sawise iku, Nagaraja banjur ngilang. Angling langsung mulih menyang kratone.

ADEGAN V
Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe.
Angling           : “Hahahahahahaha……”
Setyowati        : “Kangmas kenging napa kok nggujeng – nggujeng piyambak?”
Angling           : ( tetep ngguyu, ora nggubris pitakonane Setyowati ).
Setyowati        : “Kangmas, kenging napa nggujeng? Kangmas nyacat kula ingkang asalipun saking desa?”
Angling           : “Ora kok. Aku ra ngguyoni kowe.”
Setyowati        : “ Ing paturon punika  namung wonten kula lan kangmas. Mesthi ingkang digegujeng kan kula.” ( rada nesu )
Angling           : “Ora diajeng, ora koyo ngono. Tenanan aku ra ngguyoni kowe amarga kowe seka desa.”
Setyowati        : “lajeng nggujengi napa?”
Angling           : ”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman.”
Setyowati        : “Lha kok kangmas saged ngertos wonten cecak ingkang taksih guneman?”
Angling           : “Iki mau amarga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.”
Setyowati        : “Aji Gineng?” ( bingung )
Angling           : “Iyo, kuwi sing nduwe aku. Kuwi sing marakke aku ngerti lan cedhak karo kewan.”
( Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau )
Setyowati        : “Kangmas, kula pareng kagungan Aji Gineng punika?”
Angling           : “Ora oleh diajeng, kuwi wis dadi sing tak nduweni seka Nagaraja.”
Setyowati        : “Kangmas, menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah kemawon. Kula badhe pati obong.” ( Nangis )
Angling           : “Ojo ngono diajeng. Arep kanggo apa Aji iki?”
Setyowati        : “Kula namung kepengin nggadhahi kemawon, kangmas.”
Angling           : “Ora oleh diajeng.”
Setyowati        : “ Inggih sampun kangmas, kula mboten saged nggadhahi Aji Gineng punika saking kangmas, luwih becik kula pati obong kemawon sapunika.”
Setyowati wangsulane atos. Ibune lan Madrim wis coba ngerih-erih Setyowati nanging Setyowati wis ora bisa dikandani. Upacara pati obong wis sumedya.. Angling duwe karep melu pati obong Setyowati. Nanging sadurunge nyemplung geni, Angling krungu wedhus kang guneman.
Wedhus wedok :"kakang aku pengen duwe janur kae, opekna ya kang!"
Wedhus lanang :" wah aku ra wani dhi.. Kae janur kagungane sang Prabu"
Wedhus wedok: "kang pokoke opekna! Kowe wis ra tresna marang aku?"
Wedhus lanang :" ya tresna, ning aku tetep ora saguh yen janur kuwi,  mboo liyane wae"
Wedhus wedok :" ora, pokoke yen ora janur kae ora! Yen ora mbok opekna aku pilih myemplung geni wae"
Wedhus lanang :" yen ora kena dikandani yo wis! Yen pancen pilih mati, aku lila, tur isih akeh wedhus sing luwih ayu saka kowe kok"
Wedhus wedok banjur nyemplung geni tenan, mati sanalika. Angling rumangsa kesindir. Dheweke banjur mudhun saka panggungan.
Angling           : “Aku wis pasrah kelangan kowe diajeng. Luwih becik aku ngayomi rakyatku sing isih butuh aku.”
 Setyowati nglakoni pati obong tenan. Mlayu lan nangis tumuju ing geni mulat - mulat


( Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase )
Para Dewa       : “Angling, kowe wis nglanggar sumpahmu dhewe. Kowe wis nglanggar pituture Nagaraja.”
Angling           : “Ampun dewa, kula nyesel sanget amargi kula carios marang garwa kula Aji Gineng punika, saengga Setyowati kepengin nggadhahi lan nangis nyemplung geni mboten kula olehaken nggadhahi Aji kuwi.”
Para Dewa       : “Kowe bakal oleh karmane, Ling. Kowe bakal tak ukum kanggo ngapus kabeh dosamu amarga kowe ngenehi ngerti babagan Aji kuwi.”
Angling           : “Nggih dewa. Paukuman punapa mawon bakal kula trima. Kula siap punapa mawon paukumanipun, ingkang wigatos kula saged nebus kalepatan kula.”
Para Dewa       : “Kowe tak ukum nglakoni panguripan ing alas 8 taun lawase.”
Angling           : “Nggih dewa. Kula nrima, kula bakal nindakaken paukuman punika.”
Sadurunge nglakoni paukuman Angling masrahake  kraton lan ibune marang bathikmadrim, banjur dheweke ngumbara ing alas. Pramesthi kang sedih putrane nglakoni paukuman, ora sawentara seda.
( Ing saliyane panggonan, Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa bali ing donya. )
Setyowati        : “Bathara, kula gela sanget kula nyemplung ing geni mulat – mulat amargi nepsu kula kepengin nggadhahi Aji Gineng punika.”
Bathara Guru  : “Banjur opo sing kepengen kowe lakoke?”
Setyowati        : “Kula nyuwun kaliyan Bathara Guru supados kula saged mantuk ing donya.”
Bathara Guru  : “Tenanan kowe arep bali ing donya? Apa kowe wis manteb marang keputusan iki?”
Setyowati        : “Inggih Bathara, kula sampun manteb marang keputusan iki. Kula nyuwun pripun carane supaya kula bali wonten donya.”
Bathara Guru  : “Kowe kudu manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten Bojonegoro.”
Setyowati        : “Inggih Bathara Guru, kula maturuwun sanget.”
( Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati. )

ADEGAN VI
( Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. )
Widaningsih    : “mbak punika wonten tiyang ing kang bagus sanget perawakane, ayo  mbak digawa menyang kraton.”
(Wong telu mau padha ngangkat angling dharma menyang kratone.)
Angling           : “Lhoh, aku ana ing ngendi iki?”
Widata            : “Kangmas wonten ing kraton kula.. Kangmas wau semaput wonten ing tengah wana lajeng  kula lan rayi kula mbetha menyang kraton.”
Angling           : “Nyai-nyai punika sinten?”
Widati             : “Kula sedaya inggih putri ing kraton puniki. Rama kula sampun seda.”
Widaningsih    : “Sampun, kangmas wonten ngriki mawon. Mboten sah tindak menyang pundi-pundi, Amargi wonten ngriki mboten aman. Kathah tiyang ingkang kagungan niat ala.”

(Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling.)
 Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau.
Angling           : “Aku cubriya marang Nyai-nyai mau arep menyang ngendi yo. Kok ngindhik-ngindhik le mlaku, dak tututi wae
( Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak. Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling.)
Widati             : “Angling, sopo sing menenhke ati manungsa kuwi ning ndhuwur wedhakku? Ojo” kowe sing malih dadi gagak mau mbengi?”
Angling           : “Yen aku malih dadi gagak kenapa?”
Widati             : “Angling!”
Angling           : “Kanggo opo kowe mangan bangke manungsa kuwi?”

( Widati ora njawab. Pungkasane Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi mliwis putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur. )
mliwis :" aku gelem dadi kancamu, nanging aja mbok pateni ya"
Jaka Gedhug :" lho koe iso guneman kaya dene manungsa?
Wah eloke.ya.. Ya.. Kowe dadi kancaku. Ayo melua nyang omahku"

ADEGAN VII
Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi loro.
Nyi Bremana :" kakang.. Kakang sampun kondur to. Lho kok panjenengan wonten kalih. Kakang  bojo kula ingkang pundi?"
Ki Bremana :" ya mesthi aku to dinda"
Jin : " kowe aja percaya bisa wae kuwi jin kang malih dadi aku dinda"
Nyi Bremana: " aku kudu percaya sing endi?"
Jin lan Ki Bremana: " ya mesthi aku dinda"
(Lelorone padha ngaku-aku Ki Bremana)
Nyi Bremana: " Wis luwih becik aku njaluk petunjuke adipati Darmawasesa. Ayo melua ing kraton"

 Amarga bingung milih sing endi, banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih njaluk supaya Pak Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi carane. Klungsur banjur mangkat menyang kraton kanggo melu sayembara mau.
Klungsur         : “Ngaturaken sembah, Gusti.”
Adipati            : “Bocah bagus, apa bener kowe bisa ngrampungake masalah Nyai Bremani? Iki prakara kang ora gampang ana sambunge marang masalah keadilan lan martabat pengadilan. Dadi aja sembrana.”
Klungsur         : “Inggih, Gusti Prabu. Kula ngertos sinten ingkang sejatosipun Ki Bremana. Kula nyuwun kendi pratala kaleh kagem mbuktekaken Ki Bremana ingkang asli. Sinten ingkang saged mlebet ing kendi pratala wau, punika ingkang Ki Bremana asli.
Adipati            : “Patih, jupukake kendi pratala loro.”

Nalika kendhi pratala mau wis disiapake, Ki Bremana sing palsu langsung mlebu ana kendhi pratala mau.
Klungsur         : “Gusti, Ki Bremana ingkang sejatosipun inggih punika Ki Bremana ingkang mboten saged mlebet ing kendhi pratala.”
Adipati            : “Lho, kandhamu mau Ki Bremana asli iku sing bisa mlebu ana kendhi pratala?”
Klungsur         : “Punika wau namung cara, Gusti.”
Adipati            : “Lha trus sing ana ing kendhi iku sapa?”
Klungsur         : “Sebangsa lelembut, Gusti. Namung bangsa lelmbut ingkang saged mlebet ing kendhi ingkang alit kados punika. Tiyang biasa mboten saged mlebet ing kendi ingkang alit sanget.”

Ujug-ujug, kendhi pratala mau pecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.

ADEGAN VIII
Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
Resi                 : “Ngaturaken sembah, Gusti.”
Adipati            : “Apa bener kowe bisa nemokake wong kang ndadekake putriku ngandhut?”
Resi                 : “Inggih, Gusti. Kula bakal nemokaken tiyang ingkang ndadosaken Gusti Putri             ngandhut.”
Adipati            : “Yen kowe butuh apa-apa, ngomong wae marang aku.”

Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe mliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake.
Angling           : “Diajeng, saiki kowe wis dadi permaisuriku.”
Ambarawati    : “Inggih, kangmas. Kula remen sanget. Kula tresna kaliyan kangmas lan kula janji bakal setya kaliyan kangmas.
Angling           : “Diajeng, saiki aku arep mulih menyang Malawapati. Amarga aku wis suwe ninggalake kratonku. Melas rakyatku kang wis tak tinggal. Mula saka iku, kowe saiki tak boyong menyang Malawapati lan dadi ratu ing kana.”
Ambarawati    : “Kula bakal nurut wonten pundi kemawon kangmas bandhe tindak.”
Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.




link picture : https://www.google.com/url?sa=i&url=http%3A%2F%2Fcakdurasim.com%2Fberita%2Fnuansa-wayang-thengul-pada-gelar-seni-budaya-daerah-jawa-timur-2019-kabupaten-bojonegoro&psig=AOvVaw3-9xPzcAs2MytpnU1-iLmT&ust=1590042387373000&source=images&cd=vfe&ved=0CAIQjRxqFwoTCKC899DnwekCFQAAAAAdAAAAABAD




Job Vacancy

Temanggung, 5th 2018

Attention to    : Flight Staff Education Institutions and Flight Attendants
PSSP Penerbangan
Jalan Senturan Raya 13B Catur Tunggal
Depok Sleman, Yogyakarta

Dear Sir/Madam,
I have read from your job vacancy advertisement at official blog of your company www.pspp-penerbangan.ac.id and I found that your company is looking for employees for “secretary” position. . I consider myself to be qualified for the job, I have experience as personal assistant or secretary. And I believe it is fit with my background educational tourism and administration in senior high school. and that might be an asset to your company.
My name is Anastasya Yona, female and single. I am twenty years old. I am a fresh graduated from tourism and administration vocational high school Temanggung. I consider myself that I have qualifications as you want. I have good motivation for progress and growing, eager to learn, and can work with a team or by myself. Beside that I have good command in English both spoken and written.
            With my qualifications, I confident that I will be able to contribute effectively to your company. Herewith I enclose my :
·         Copy of diploma certificate
·         Academic transcript
·         Curriculum vitae
·         Computer course certificate

I would express my gratitude for your attention and I hope I could be the part of your company.
Sincerely,
                      
Anastasya Yona Prasasti

RESENSI BUKU "TENTANG BERMAIN DRAMA"
Oleh RENDRA


a. Identitas buku
– Judul buku : Tentang Bermain Drama
– Penerbit : PT Dunia Pustaka Jaya
– Tahun Terbit : 2017 (cetakan keenam)
– Jumlah Halaman : 88 hlm
– Nomor Edisi : ISBN 978-979-419-459-1

b. Sinopsis
Resensi Buku Tentang Bermain Drama – Buku ini bergenre sastra seni dan teater yang menjelaskan suatu catatan elementer bagi calon pemain dalam drama atau seni pertunjukan. Di dalam buku ini dijelaskan sebuah teknik-teknik bermain (acting) yang menjadi unsur penting yang harus dikuasai dalam menjadi seorang actor. Teknik-teknik yang baik dipelajari dengan penuh penghayatan sehingga menjadi sebuah naluri. Sesuai urutan dalam seni pertunjukan teknik yang paling utama adalah teknik muncul. Teknik ini bertujuan memberikan kesan pertama kali tampil diatas panggung. Kedua ada teknik memberi isi, teknik ini bertujuan menunjukan emosi dan penyampaian penyampaian kepada penonton walau tidak mengucapkan sepatah kata sekalipun, menonjolkan perasaan, cara pengucapan serta cara mengolah gerakan badan saat bermain sandiwara atau drama pertunjukan seni. Ada juga teknik pengembangan, teknik membina puncak-puncak, teknik timing, takaran didalam pemeranan, teknik menonjolkan, bahkan sampai pembahasan mengenai over-acting atau terlalu banyak penjelasan, tempo, irama, ucapan, penciptaan peran dan keragaman lainya dalam dunia seni pertunjukan. di dalam buku ini juga membahas pentingnya penerapan segi teknik yang memperkaya permainan, serta cara berdeklamasi, berkisah, berpidato hingga bahasan naskah serta pelaku pemain dan sutradra.

c. Kelebihan

Penulis sengaja menggunakan gaya bahasa yang penuh arti seni sehingga menarik pembaca untuk melebur dalam suasana seni pertunjukan yang seolah nyata. Buku ini juga sangat ringkas dalam menggambarkan tata cara serta isi yang begitu transparan tanpa banyak penjelasan. selain itu buku ini memiliki cover yang menarik dengan desain cover merah putih disertai gambar bayangan seorang layaknya seniman teater atau drama. Front yang jelas dan penataan bahasa yang bagus menjadikan buku ini tidak begitu membosankan untuk dibaca.




d. Kekurangan

Kekurangan dari buku ini adalah makna-makna sulit dipahami dibeberapa kata yang dipakai, tidak semua di beri penjelasan sehingga menyulitkan pembaca memahami teks bacaan. Penjelasan akan tata cara bermain drama serta teknik-teknik yang dipaparkan tidak disertai dengan gambar-gambar yang menambah selera untuk membaca buku ini.


TERIMA KASIH

http://library.uny.ac.id//

Postingan Lebih Baru Postingan Lama Beranda

ABOUT AUTHOR

hidup dibagian bumi terindah. salam kenal aku yona.

Follow us

Kunjungi Youtube "Materi APBN dan APBD" >>> https://youtu.be/Q5vxiuxbCrk ma video on youtube >>> https://youtu.be/Wi1sxMO7tQc >>> https://youtu.be/JbdU3tAOXEQ >>> https://youtu.be/73jsgtLNsoQ >>> https://youtu.be/DEjs2rfQV1A

POPULAR POSTS

  • Naskah Drama Bahasa Jawa " ANGLING DHARMA"
    Naskah Drama Angling Dharma ADEGAN I Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi...
  • Contoh Surat Lamaran Pekerjaan Bahasa Inggris
    Job Vacancy Temanggung, 5th 2018 Attention to     : Flight Staff Education Institutions and Flight Attendants PSSP Penerbangan...
  • Resensi Buku Tentang Bermain Drama oleh Rendra
    RESENSI BUKU "TENTANG BERMAIN DRAMA" Oleh RENDRA a. Identitas buku – Judul buku : Tentang Bermain Drama – Penerbit : PT ...
  • Contoh Laporan Penelitian Sosial SOSIOLOGI
    LAPORAN PENELITIAN SOSIAL PENGARUH GAYA BERBUSANA DALAM MEMBANGUN IMAGE ATAU JATI DIRI SEORANG REMAJA ...
  • Pengaruh Perkembangan IPTEK di Bidang Sosial Budaya
    BAB I PENDAHULUAN A.     Latar B elakang S eiring dengan perkembangan zaman, berkembang pula pola pikir manusia untuk terus ber...
  • Praktik Manipulasi SKTM Banyak Orang Mendadak Jadi Miskin
    Dunia pendidikan kembali dirudung masalah. Kali ini mengenai penyalahgunaan SKTM (Surat Keterangan Tidak Mampu) yang diperuntukkan bagi si...

Advertisement

Diberdayakan oleh Blogger.

Laporkan Penyalahgunaan

Maself-ish

Foto saya
Anastasya Yona Prasasti
Lihat profil lengkapku

Naskah Drama Bahasa Jawa " ANGLING DHARMA"

Naskah Drama Angling Dharma ADEGAN I Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi...

Cari Blog Ini

Arsip Blog

  • September 2019 (3)
  • Agustus 2019 (3)

FOLLOW US @ INSTAGRAM

About Me

Popular Posts

  • Naskah Drama Bahasa Jawa " ANGLING DHARMA"
    Naskah Drama Angling Dharma ADEGAN I Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi...
  • Contoh Surat Lamaran Pekerjaan Bahasa Inggris
    Job Vacancy Temanggung, 5th 2018 Attention to     : Flight Staff Education Institutions and Flight Attendants PSSP Penerbangan...
  • Resensi Buku Tentang Bermain Drama oleh Rendra
    RESENSI BUKU "TENTANG BERMAIN DRAMA" Oleh RENDRA a. Identitas buku – Judul buku : Tentang Bermain Drama – Penerbit : PT ...

Advertisement

Copyright © 2016 Berbagi Inspirasi. Created by OddThemes